Ticker

6/recent/ticker-posts

TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN

info SELOGIRI - KEJAWEN - Hajatan di seputar Selogiri, Wonogiri pasti masih menggunakan acara sakral. Untuk wilayah Selogiri, Wonogiri dan sekitar biasanya menggunakan tata upacara adat kejawen Surakarta Hadiningrat.

Menyikapi generasi saat ini yang semakin sedikit menguasai bahasa Jawa, untuk itu postingan pada kategori KEJAWEN ini info SELOGIRI akan menyuguhkan contoh-contoh pidato dengan bahasa Jawa.

TULADHA ATUR PASRAH LAMARAN


Tuladha Atur Pasrah Lamaran
Tuladha Atur Pasrah Lamaran
Assalamu 'alaikum warahmatullahi wa barakatuh
Alhamdulillahi rabbil 'alamiin, nahmaduhu wa nasta'inuhu wa nastaghfiruh wa na'udzubillahi syuruuri anfusinaa wa min sayyi'aati a'maalinaa man yahdillahu falaa mudhillalah wa man yudhlil falaa haadiyalah. Asyhadu anlaa illaha illaallaah wa asyhadu anna Muhammadan abduhu wa rasuuluh.

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi saha kinabekten. Panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dhahat kalingga murdaning akrami.

Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos puji syukur dhumateng Allah SWT, Gusti ingkang murbeng dumadi, mugi kasarasan, kawilujengan, katentreman tansah kajiwa lan kasarira dhumateng panjenengan sedaya hangluberana dhumateng kawula.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben sekeca wawan pangandikan. Inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur, kula piniji minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp. ......................................... sekalihan.

Panjenenganipun Bp. ............................. sekalihan garwa (ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan. Kula pinangka sulih sarira saking panjenenganipun Bp. ......................... sekalihan, ingkang sepisan; ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan sumrambah para kulawarga sedayanipun.

Jangkep kaping kalih; ing nguni sampun wonten pirembagan bilih ing antawisipun Bp. ............................... sekalihan hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg. ............................... kaliyan Bp. ............................ sekalihan garwa (ingkang mengku gati) hanggadhahi kenya siwi sesilih Rr. ................................... Gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang, bebasan ngembun-embun enjang anjejawah sonten, ndhodhog latar, ndhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe. Kanthi atur mekaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah panjenenganipun Bp. ....................... sekalihan anggenipun katampi panglamaripun, pramila ing kalenggahan punika ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi.


Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bp. ................... sekalihan garwa inggih punika;

Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun, kanthi pangajabing sedya ndadosna sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan, saengga mboten saget pisah salami-laminipun.

Kasoking katresnan Bp. ..................... sekalihan dhumateng Bp. ............................. sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud ............................., ing pangajab pinangka agemanipun calon penganten putri.

Mboten kekilapan Bp. ................................. sekalihan ngaturaken redana awujud arta, kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun Bp. .............................. sekalhan garwa (ingkang mengku gati) netepi darmaning sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika, panyuwunipun Bp. ...................... sekalihan, ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adat widhididana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.

Minangka pungkasaning atur, hambok bilih Bp. ...................... sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kekiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun Bp. .................. sekalihan, menawi wonten gonyak-ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singlar ing reh tata krami, kawula nyuwun shing samodra pangaksami.

Lihat juga : Video Adicara Krobongan

Akhiru kalam, billahi taufik wal hidayah
Wassalamu 'alaikum warahmatullahi wa barakatuh.

Contoh pidato Jawa yang lain silakan menuju ke uwong JAWA

Post a Comment

0 Comments